TPQ.MAMBA'UL ISHLAH.
TALQIN MAYIT DAN DO'A.
بسم الله الرحمن الرحيم
كل شيء هالك الاّ وجهه. له الحكم واليه ترجعون. كلّ نفس ذَائقه الموت وانّما توفون اجوركم يوم القيامة. فمن زحزح عن النّار وادحل الجنّة فقد فاز. وما الحياة الدّنيا إلاّ متاع الغرور. منها خلقناكم وفيها نعيدكم ومنها نخرجكم تارة اخري. منهاخلقناكم للأجر والثواب. وفيها نعيدكم للدود والثّواب. ومنها نخرجكم للعرض والحساب.
بسم الله وبالله ومن الله والي الله وعلي ملّة رسول الله صلي الله عليه وسلّم. هذا ماوعدالرحمن وصدق المرسلون. ان كانت الاّ صيحة واحدة فاِذاهم جميع لدينا محضرون.
he (fulan)!, saiki siro wes mati, lan saiki siro wus ngalih marang alam kubur, yo iku alam barzah, siro ojo nganti lali perkoro kang siro sungkemi naliko siro pisah karo kito kabeh, yo iku nekseni yen temen ora ono pengeran kang haq kejabo mung gusti ALLOH ta'ala, lan nekseni yen gusti kanjeng nabi MUHAMMAD S.A.W iku utusane gusti ALLOH ta'ala.
he (fulan)!, seng ati-ati yen siro di tekani malaikat loro, kang di pasrahi nyobo marang siro, siro ojo kaget lan gumeter. ngertio, saktemene kang bakal nekani siro iku yo podo-podo makhluk'e gusti ALLOH.
he... (fulan)!, yen malaikat loro mengko takon marang siro mengkene :
1. sopo pengeranmu ?
2. Opo agamamu ?
3. Sopo Nabimu ?
4. Opo I'tiqotmu ?
5. lan opo kang siro sungkemi naliko siro mati ?
yen siro ditakoni koyo mengkono, jawabo...., pengeranku iku gusti ALLOH, yen dikaping pindoni takone ! jawabo maneh..!, gusti ALLOH ta'ala iku pengeranku!, yen dikaping teloni pitakone, yo iku pitakon kang pungkasan, siro jawabo maneh kang teges, ojo nderedek, ojo kuwatir: Gusti ALLOH iku pengeranku, agama islam iku agamaku, gusti kanjeng nabi MUHAMMAD S.A.W iku nabiku, kitab suci Al Qur'an iku panutanku, sholat sembahyang iku kewajibanku, wong islam kabeh iku sedulurku, Nabi Ibrahim iku persasat bapakku, aku urip lan mati, netepi ucapan LAILAAHA ILLALLOH MUHAMMADURROSULULLOH SHOLLALLOHU 'ALAIHI WA SALLAMA.
he...(fulan)!, hujjah kang dak warahake marang siro iki, cekelono kanti temenan , ngertio yen siro bakal manggon ing alam kubur, nganti mbesok dino qiyamat, yo iku dinane wong ahli kubur podo di tange'ake.
he... (fulan)!, ngertio yen pati iku haq, manggon ing kubur, pitakon mungkar nakir ana ing kubur, dinane tangi songko kubur, onone khisab, traju, wot sirotol mustaqim, neroko lan suwago iku kabeh haq, mesti onone. setuhune dino qiyamat iku mesti tumekone, lan setuhune gusti ALLOH bakal nange'ake wong kang ono ing alam kubur.....
Al faatihah...............!
nuli moco dongo iki....
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَهُ وَارْحَمْهُ وَعَافِهِ وَاعْفُ عَنْهُ، وَأَكْرِمْ نُزُلَهُ، وَوَسِّعْ مَدْخَلَهُ، وَاغْسِلْهُ بِالْمَاءِ وَالثَّلْجِ وَالْبَرَدِ، وَنَقِّهِ مِنَ الْخَطَايَا كَمَا نَقَّيْتَ الثَّوْبَ اْلأَبْيَضَ مِنَ الدَّنَسِ، وَأَبْدِلْهُ دَارًا خَيْرًا مِنْ دَارِهِ، وَأَهْلاً خَيْرًا مِنْ أَهْلِهِ، وَزَوْجًا خَيْرًا مِنْ زَوْجِهِ، وَأَدْخِلْهُ الْجَنَّةَ، وَأَعِذْهُ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَعَذَابِ النَّارِ
🤲🏻😢🙏🏻
Di Susun oleh majlis ta'lim"MAMBA'UL ISHLAH"Dlopo kediri.
No comments:
Post a Comment